Assalamu`alaikum wr.wb
Ini adalah revisi naskah drama “Kuno VS Modern”. Mohon maaf
bila postingan yang sebelumnya banyak yang saltik (salah ketik), penulisannya tidak
sesuai dengan EYD, dan ada kata-kata yang nggak pas. Sekarang sudah saya revisi. Karena sebenarnya pada saat saya menulis naskah terebut,
saya masih kelas VII SMP, jadi bisa di makhlumi ya, jika masih banyak yang salah-salah.
Selamat membaca, atau mencopy untuk dipentaskan di sekolah, untuk tugas, dan semoga bermanfaat ^^
Selamat membaca, atau mencopy untuk dipentaskan di sekolah, untuk tugas, dan semoga bermanfaat ^^
KUNO VS MODERN
Pemain:
1. Merry Tri Astuti di
perankan oleh Luthfiyyah Damayani (protagonis)
2. Kokom Srikandi di perankan
oleh Alvita Rizki Zuhairunnisa (antagonis)
3. Siti Sumringah di perankan oleh Alifta Mayangsari Mahfira (protagonis)
4. Sutejo diperankan oleh Ahmad Adsyah Razaq (protagonis)
5. Joko diperankan oleh
Andrew Brilianto Waskitomo (tritagonis)
6. Pak Sumringah di perankah
oleh Dimas Anargya Bagaskara(protagonis)
7. Bu Sumringah di perankan
oleh Octavia Cahyaningrum Budiati (Tritagonis)
8. George di perankan oleh Faisal Fadhila (Protagonis)
9. Angel di perankan oleh
Ovelina Julieta Putri Ardina (protagonis)
10. Ayu Sumringah di perankan
oleh Priska Putri Viennawati (antagonis)
11. Rudy Sujarwo di perankan
oleh Ravinto cendi saputra (tritagonis)
(Pagi-pagi Pak Sumringah sekeluarga sedang menikmati sarapan
bersama)
Bu Sumringah
Ayo seme`an! Mboke masak sambel godog, mi bakar, lan jangan
bawang
Siti
Walah Bu, enak tenan..
Bu Sumringah
Yo iyolah sopo sek sing masak… J
Ayu
Omah ngarep omahe awak dewe kae wes enek seng ngenggoni, tho Bu?
Bu Sumringah
Iyo. Wong bule. Jare anake ameh sekolah neng sekolahan podo
kowe Sit.
Pak Sumringah
Yoh ndang cepet! Selak
telat sekolahe.
Siti
Oke, Sip! Mbok, Pak, Mbak. Aku pamit sekolah yo,
Asalmualaikum…
Bu Sumringah dan Keluarga
Ya, wa`alaikumsalam
(Siti dan teman-temanya sudah janjian di depan gang untuk
berangkat bersama. Dan mereka pun berangkat sekolah bersama)
Siti
Cah kowe pada ngerti ra, omah kosong neng ngarepku kae wes
enek seng nggoni lho?
Tejo
Tenane, sopo?
Siti
Nek jenenge aku ra ngerti. Pokoke wong bule.
Joko
Opo? ngarep omahmu enek wong adol gule
Kokom
Masya’ Allah o, budek mu kae mbiyen rung mari-mari tho!
Tejo
Lha Joko kuwi budege wes kronis yo, wes permanen!
Joko
Opo gudeg? owh dadi neng ngarep omahe siti enek wong adol gule
karo gudeg to?
Kokom
Wis Joko ra sah di gagas, nyat nek budeg wes stadium 100 ra
iso di jak kompromi. Trus piye neh Ti critane
Joko
(kukur kukur rambut)
Siti
Yo ngono tonggo ku kan wong bule nek ngomong ilate bundet
bundet ngono, nganggo boso londo campur jowo ngono, trus ya jare mboku jarene
anake kuwi ameh sekolah neng sekolahe awake dewe iki, SMP Bechik Ketoro Ala Kethitik
Tejo
Ciyyuss?
Kokom
Miapah?
Siti
Tenanan yo iki.
Joko
Cah kuwi ngomong opo tho, ojo irik-irik aku kan yo pengen krungu
Siti
Ceritane sambung mengko muleh sekolah, lagi sadar aku nek wes
tekan sekolah
(Sebanjure 4 sekawan mau banjur mlebu kelas)
(Suasana setelah bel, amargo Bu Merry ugung rawuh kelas ramene
koyok pasar)
Bu Merry
Hallo. Assalamu`alaikum. Sugeng enjang… (karo nggowo angel lan
George sang murid anyar)
Semua
Hai, Wa`alaikumsalam, sugeng enjang bu.
Kokom
Wong bule kuwi po tonggomu?
Siti
Siti
ho`o
Bu Merry
Tejo, kowe mimpin doa yo
Tejo
Nggeh bu
Tejo
Monggo konco konco kita sareng sareng ndedongo, Ndedungo kawiwitan
……………..ndendungo paripurno
Bu Merry
Oh iyo anak anak, kelas
iki kagungan konco anyar sekaligus murid anyar. Monggo Angel lan George…
Angel
Hi friend, nami kulo Angel”
George
And my name is George.”
(kabeh anak-anak ndlongop lan joko mbenekne rambut lan sok
cool)
Bu Merry
George, Angel tulisne jenengmu neng papan tulis, koyoke
koncome isih bingung
Kokom
Ha? Jenenge Angel?”
Tejo
Iyo i. mosok jenege Angel bu koyok ra enek jeneng liyo wae.
Njenengne anak Angel
Joko
Soale wong londo ki kan jenenge angel-angel. Goro goro mboke
uteke suntuk bar nglairke ngawur wae di kei jeneng ‘Angel’.
(4 sekawan lalu tertawa terbahak bahak kecuali siti.)
Siti
E, ojo ngunu kuwi. Cah kuwi kabeh ndeso imen to. Mosok cah
kuwi rangerti Angelina Jolie kae nek celukane yo Anjelina jolie. Kan George? (ucap Ayu karo ngguyu lan mbenekne
kerudung.)
George
Yes
Bu Merry
Wes kenalane di sambung
sesuk maneh. Selak entek jam ku iki
Bu Merry
Anak-anak bu guru pengen
nyuwun pirsa karo anak anak
kabeh. Opo cita cita ne
anak anak nek suk mben gede. Di mulai soko Tejo?”
Tejo
Cita-cita kulo dadi polisi
Joko
Ya allah jo jo, cita
citamu I gak nggaul imen nto. Dadi polisi I wong nyebrangne wong lewat karo
nyempriti tok i
Tejo
Yo ra popo lah, seng
penting kan berjasa. Lha kowe cita citamu opo?
Joko
Cita-citaku I tho. Cita
cita ku I tho dadi pilot
Tejo
Pilot og budeg. Pesawate
po ra njiblok terus
Joko
Emang aku ngomong pilot
pesawat
Siti
Lha pilot opo?
Joko
Pilot becak:v
Tejo
Joko sing bagus dewe soko
nduwor monas, sing jenenge pilot I penyopir pesawat, gak enek pilot becak
Joko
Lha gene seng dadi pilot
aku sing sewot kowe
Tejo
Masalahe kowe
mempermalukan para pilot-pilot handal di Indonesia, nggawe bahasa pilot becak
Joko
Seng pentingkan nyopir.
Pilot nyopir pesawat aku nyopir becak. Podo podo nyopir e kok. Wong beda
seng di sopiri.
Bu Merry
Joko, Joko ciri ciri wong MADESU.
Joko
Madesu kuwi opo bu?
Bu Merry
Masa depan suram.
Bu Merry
Wes, wes. Nek kowe siti.
Cita citamu opo?
Siti
Siti
Kulo pengen dadi dokter
cinta bu.
Bu Merry
Bu Merry
Ibuu guru gak ngerti.
Dokter cinta I opo?
Semua
Ho`o Sit, doctor cinta I
opo?
Siti
Gak ngerti kabeh?. Di nggo
PR.
Bu Merry
Bu Merry
-_-
Nek kowe Kom. Cita cita mu
opo?
Kokom
Kokom
Cita cita kulo sangat
sederhana Bu
Bu Merry
Bu Merry
Opo kuwi Kom?
Kokom
Jadi anak sholehah lan
mlebu surga Bu
Bu Merry
Ciri-ciri anak solehah. tepuk
tangan kanggo Kokom.”
Kokom
Wes biasa wae ndadak
keplok keplok. Koyok ra tau ngerti wae wong ayu ngomong
Semua
huuuuu
Bu Merry
Nek kowe Angel lan George?
Angel lan
George
Artis
Bu Merry
Lho cah, cita-cita I seng
berkelas ngini ki lho. Dadi ARTIS
Tejo
Ngarep…
Bu Merry
Bu Merry
Yo wis. Wektune istirahat
(Saat jam istirahat mereka
semua mulai saling berkenalan dan keakraban pun lambat laun mulai muncul)
Joko
Hai Angel.
Angel
Hai.
Joko
Angel kowe iki bule soko
ngendi tho?
Angel
Soko segitiga Bermuda
Joko
Segitiga bermuda kuwi ngendi,o?
(Tejo dan teman temanya
datang mengganggu obrolan mereka berdua)
Tejo
We we we di goleki mubeng
mubeng sekolah malah pacaran neng kini.
Joko
Urung pacaran lagi
pedekate. (sedikit berbisik)
Siti
Konco konco wetengku wes
kencot ki mangan neng kantin yoh
George
Kencot wi opo?
Siti
Hehh. Luwe… luwe!
George
Owh luwe yuh mangan
Kokom
Oh iyo piye engko nek
mangane menu special neng kantin iki?
Angel
Panganan opo?
Joko
Sate cicak.
Angel
Haa! cicak dadi sate? Tenane?
Tejo
Angel we ojo meremehkan
sate cicak manfaate iso menaikan asam urat, menaikan kolestrol, dan menaikan
kebodohan.
George
Wes apik tenan kie. Pengen
ngrasakne aku, soale aku rung tau kolestrolku dhuwur, asam urat ku dhuwur
Angel
Ho`o yoh di pangan. Aku yo
pengen ngrasake dadi wong bodo.
(mereka semua memakan sate
cicak dengan sangat lahap. Dan keluar dari kantin lalu langsung masuk kelas)
Bu Merry
Selamat siang anak-anak.
Anak-anak
Siang bu!
Bu Merry
Saiki pelajarane Bahasa Jawa.
Anak-anak kabeh nggowe geguritan (puisi jawa) Temane bebas. Tak kei wektu 15
detik kudu dadi
Anak-anak
Nggeh bu.
(15 detik pun berlalu)
Bu Merry
Wes dadi anak anak? Saiki
dikumpulke…… joko we maju woco
geguritanmu
Joko
Nggeh bu. Ekhem ekhem.
Angel.
Raimu ayu koyok bidadari.
Kulitmu putih koyok cat
omahku
Awakmu duwur koyok cagak
listrik.
Senyumu manis koyo gula
jowo.
Oh angel…
ai lop yuu..
semua kecuali joko dan bu
merry dan angel pastine
Cie…cie
(sedangkan angel pringas
pringis kegeeran)
Bu Merry
Keplok batuk kanggo joko.
Siap siap meh muleh.
(Ning lain kehidupan ono
keluarga sumringah seng lagi kerokan)
Ayu
Ya allah, tahun 2015 jek
wae kerokan, masya allah mboke jaman saiki wi gak enek kerokan keles. Eneke
pijet, adus banyu susu, manicure, sepa, ngunukuwi. Mboke wi ndeso.
Bu Sumringah
Wiki ojo ngunukuwi,
kerokan wi warisan leluhur, warisan mbah buyut mu, lagian kerokan iki gak usah
ngetoke duwit akeh wong perlu duwit cring karo balsem
Bapak
Oo, iyo nduk, opo mau adus
banyu susu, banyu susu nggo adus ngono. Pora yo pliket kabeh awake ndak kerek
semut kabeh wi awake.”
Ayu
Ahh… mumet ngomong karo
wong seng ndeso bingit, yo wes lah bu pak aku meh kerokan mumet ngomong karo
ibu karo bapak
Ibu
Lha kuwi kowe yo meh
kerokan ndadak ngomong nek kerokan ndeso.
Ayu
Mosok aku ngomong
ngunukuwi.
Bapak
Whoo… lha bocah iki
sontoloyo, ngomong opo e lali.
Ibu
Wes-wes. Mending awak dewe
kerokan bareng bareng, bapak ngeroki ibu, ibu ngeroki Ayu, Ayu ngeroki bapak.
(Lan akhirnya mereka
saling ngeroki lan dikeroki)
Ayu
Aku njaluk dhuwit, bedakku
lipstiku, entek kabeh. Pokoke aku njaluk dhuwit. Soale Mas Rudy ngko bengi meh
ngajak aku nonton layar tancep.
Ibu
Ibu gak nduwe dhuwit, la
dhuwit ndek esok kae nandi? Wes entek?
Ayu
Alah ibu iki kokehan
ngomong. Dhuwit ndek esok wes entek tak nggo nyaur utang tuku somay. Ayu njaluk
dhuwit yo njaluk dhuwit kok. Nek ran dang di kei motore bapak tak guwak kali.
Bapak
Ojo nduk motore bapak kae
ugung lunas, nyoh.
Ayu
Ya allah pak e dhuwit 5000
opo pas nggo tuku make up, kesuen kabeh wae ndi.
Bapak
Ojo nduk. Ojo kabeh. nek
mbok jaluk kabeh ko bengi meh mangan opo?
Ayu
Meh mangan opo?. Kuwi urusane
bapak. Lagian bapak iki kaet ndek mben tekan saiki nasibe mlarat terus mbendino
wong kerokan.
Ibu
Kudune wiki ki ngewangi
bapak kerjo. Wiki wi wes gede bukane kerjo malah pacaran.
Ayu
Wes bu rasa ceramah. Aku
wes terlalu pinter nggo di ceramahi.
Ibu
Anak durhaka we nduk.
Ayu
Durhaka?. Justru durhaka
wi lagi nge trand bu. Oiyo bapak karo ibu nek meh ngutuk aku kutuk aku dadi wong
sugeh. Wes, Assalamu`alaikum.
(Hari pun menjelang malam.
Ayu sudah siap nonton layar tancep karo Rudy)
Ayu
Ayu
Pak bu. Ayu meh methu sek
nonton layar tancep yha. Assalamu`alaikum.
Ibu dan
bapak Sumringah
Walaikumsalam, ati-ati ya
ndhuk.
(Akhirnya rudy dan ayu
sampai di tempat nonton layar tancep)
Ayu
Mas Rudy, iki ameh nonton
opo e?
Rudy
Rudy
Piye nek nonton masha and
the bear.
Ayu
Ayu
setuju.
(Mereka pun langsung
nonton film kesukaan mereka yaitu masha and the bear, setelah selesai….)
Rudy
Ayu aku meh ngomong karo kowe.
Ayu
Ya allah, Mas Rudy nek
ameh ngomong yo ndang ngomong ndadak ijin sek, koyok meh ra mlebu sekolah wae
ndadak ijin.
Rudy
Yu aku ki serius.
Ayu
Iyo mas rudy aku yo
serius.
Rudy
Sebenere aku… aku… aku...
Ayu
Aku gene Mas Rudy?
Rudy
Sakjane aku tibo cinta
karo kowe. Kowe gelem ra dadi pacarku?
Ayu
Aku gelem mas.
Rudy
Tenane yu?
Ayu
Ciyus mas. Tenan!
Rudy
Alhamdulillah Ya Allah
Ayu
Mas Rudy kan awak dewe wes
pacaran. Celukan mesra awak dewe opo?
Rudy
Opo ya... Piye nek aku
nyeluk kowe Juliet.
Ayu
Berarti aku nek nyeluk
kowe romeo.
Rudy
Amarga kowe wes nerimo
cinta ku aku nduwe hadiah kanggo kowe.
Ayu
Opo mas?
Rudy
Ali- ali!
Ayu
Matur nuwun yo, Mas
Rudy
Enek siji engkas. Aku meh nyanyi
lagu khusus kanggo kowe.
Ayu
Opo kuwi mas?
Rudy
Ayu guk guk guk
Kemari guk guk guk ayo
lari lari
Ayu
Ahh... Mas rudy guyunane
keterlaluan L
Rudy
Hehehe. Ora lah Ayu,
makseude kuwi kowe koyo Heli, selalu mengejar-mengejar dan mengelilingi hatiku,
eaaak
Ayu
Hehehe. Dadi isin aku. yo
wes mas, iki wes bengi aku wedi nek di goleki ibu karo bapak, muleh yuh mas.
Rudy
Ayoh
(Mereka berdua pun pulang
dengan wajah yang bahagia sekali. Pagi pun datang)
Ayu
Aku ndek bengi di tembak
mas rudy lho.
Ibu
Ibu
Masya allah keterlaluan
kae rudy.
Ayu
Kok iso keterlaluan?
Bapak
Ngendine seng ketembak
nduk?
Ayu
Hatiku pak ^_^
Bapak
Wo lha, cah kae sontoloyo
anaku atine di tembak, neng rumah sakit wae yoh nduk, loro po
gak?
Siti
Bapak, iIbu, maksude di
tembak kuwi koyok nyatake cinta no lho, ngajak pacaran. Dudu di tembak nganggo
pistol emange mbak ayu meh di eksekusi mati.
Ayu
Lha bener kuwi sing di
omongke siti.
Siti
Ati-ati lho mbak. Mas Rudy
kae play boy, yange sejagat.
Ayu
Ayu
Cah cilik. sok tau kowe wiki
ki gung ngerti opo opo. Wes ra sah komentar.
Siti
Yowes lah, Pak..Bu siti
badhe mangat sekolah sek ya.
Bapak lan Ibu
Iyo.
(pagi ini seperti kemarin
siti, joko, tejo,kokom, karo 2 bule berangkat ke sekolah. Sesampainya di
sekolah)
Bu Merry
Selamat pagi anak anak!
Anak-anak
Anak-anak
Selammat pagi Bu guru.
Bu Merry
Dino iki bu guru seneng
banget lho.
Anak-anak
ooohhh…
Bu Merry
Ngopo dadi koyok sapi
kabeh, seneng no lho. Bu guru seneng amarga. Amarga desa BECHIK KETORO OLO
KETITIK ameh ulang tahun ke 2020, dadi anak anak engko kudu tampil neng acara
iku. Awak dewe ameh nampilke budaya jawa budaya kita dewe. Yaiku sek dewe nari,
nembang, wayang lan main gamelan. Tak pilih sek… siti karo angel kowe cah loro
nari tradisional jawa, cah lanang kabeh main gamelan, kecuali tejo kowe
ndalang, lan kokom kowe nyanyi lagu resepsi.
Kokom
Kok nyanyi lagu resepsi,
iki acara ulang tahun opo kawinan.
Angel
Kula mboten saget nari.
George
Aku yo mboten saget mainke
gamelan.
Bu merry
Aku ndek mau po ngomong
lagu resepsi. Luput Bu guru maksuku suwe ora jamu. wes kabeh rasah protes engko
tak ajari.
(Dan kemudian Bu merry
mengajarkan mereka satu per satu)
Bu Merry
Siti coba tunjukne tari
mu.
Angel
Wow gerakane indah tenan.
Joko
Indah piye apikan gerakan
hip hop nginiki. (Joko memperagakan tarian hip hop)
Bu Merry
Yo jelas apikan tari
tradisional lah timbang ngunukuwi, wiki ojo ngunukuwi Ko, awak dewe iki kudu
nglestarikake budaya Indonesia ojo nganti punah lan kalah karo budaya barat
koyok opo mau tari hip hop ngunukuwi.
(Tak hanya tari yang di
ajarkan Bu Merry, Bu Merry juga mengajarkan cara mendalang, memainkan gamelan,
dan juga cara menyanyi lagu resepsi yang baik.)
Bu Merry
Wes wektune muleh ojo lali
latihan neng ngomah lho, soale pentase lusa.
Anak-anak
Nggeh bu.
(Mereka pun membicarakan
tentang acara latihan nanti)
Tejo
Piye nek engko latihane
neng omahe siti wae
Kabeh
Kabeh
Oke setuju.
(Di keluarga sumringah ada
bu sumringah yang merasa kurang seksi.)
Iklan tv
minum “langsing yuk”.
Setelah minum yuk langsing badan menjadi langsing dan sexy pesan sekarang juga!
Bu Sumringah
Bapak-bapak. Aku tukukne
ngunukuwi pak.
Pak Sumringah
Ngunukuwi opo tho bu?
Bu Sumringah
Kuwi lo seng koyok neng
tipi. Jenenge kapsul “langsing yuk”. Ibu iki pengen langsing koyok ngunukuwi
pak.
Pak Sumringah
Seng ngomong ibu gak
langsing kuwi sopo tho?
Bu Sumringah
Yo ibu dewe. Ngetono kae
seng neng tipi langsing, sexy, pokoke koyok ngunukuwi pak.
Pak Sumringah
Ibu ameh langsing gak
langsing, opo ameh lemu selemu gajah bapak tetep cinta karo ibu. Neng mripate
bapak iki ibu iki langsing, sexy, bohay, denok, debleng.
Bu Sumringah
Ihh... Bapak gombal.
Pak Sumringah
Yo tenan og bu.
(mereka semua langsung
pulang kerumah masing masing lalu makan siang dan kemudian pergi ke rumah siti.
Teman-teman
Siti
Assalamu`alaikum.
Pak Sumringah
Enek tamu bu?
Bu Sumringah
Iyo. Tak bukak sik yo pak.
Bu Sumringah
Walaikum salam. Iki kabeh
rene opo nggoleki siti?
Tejo
Nggeh bu. Siti enten?
Bu Sumringah
Enek. Tak celuk sek ya.
Sit..
Siti
Nggeh bu.
Bu Sumringah
Iki lho di goleki kancamu.
(Mereka akhirnya berlatih
di teras rumah siti, tak jarang di temuai konflik saat mereka latihan)
Tejo
Suara mu elek timen o kom,
nek nyanyi jowo ki nyanyi karo rodhok kemayu no lho.
Kokom
Rasah ngelek ngelek
ngunukuwi we jo, rumangsa ndalang mu wes apik ngono trus ngelek-ngelek nyanyiku
Siti
Wes wes, ra sah padu kokom
kowe nyanyimu seng rodhok kemayu lan kowe tejo kowe rasah keminter, ndalang mu
wi yo jek elek, pokoke kabeh ndang latihan seng apik supoyone pas pentas hasile
memuasne.
Joko
Siti… George ki lho mosok
nyebul suling koyok nyemprit seng apik no lho ojo sumbang.”
George
George
Iyo iyo,maaf.
Angel
Siti, narine angel banget
aku nyerah ti, aku gak iso lemes banget koyok kowe mending sing nari kowe wae
aku tak nonton wae ra popo.
Siti
Angel,jane narimu yo apik,
lagian kan kowe wong bule dadi aku iso makhlum, gak popo ayo latihan meneh
engko mesti iso.
Angel
Gak iso aku ti. Maaf aku
gak iso. (Angel pergi)
Kabeh
Angel.. tunggu sek.
Siti
Angel wiki ojo ngunukuwi
no lho. Lagian aku yo iso makhlum kok nek kowe ra pati iso. Gak popo tak warahi
engko yo iso. Pokoke kowe focus latihan wae. Engko yo iso.
Angel
Gak usah munafik we sit.
Aku ngerti kowe cuman omong kosong. Kowe ngakon aku pentas dengan gerakan ku
seng acak acakan, ben kabeh wong seng nonton muji kowe lan ngelek ngelek aku.
Siti
Ya allah, Angel. Aku gak
nduwe maksud ngunukuwi blas karo kowe. Justru aku seng ora pede lan kabeh wong
muji kowe. Amarga kowe wong bule tapi gelep sinau nari. Nek nariku apik kuwi
wis biasa soale aku wong asli jowo.
Tejo
Angel ojo egois ngunukuwi.
Ayo latihaneh soale lusa awak dewe wes pentas.
Angel
Iyo. Maaf yo konco konco.
Terutama kowe sit maaf yah aku wes berprasangka buruk karo kowe.
Siti
Gak popo. Aku ngerti kok. (Dan
mereka berdua berpelukan)
(Di lain tempat ada suatu
kejadian tragis)
Rudy
Assalamu`alaikum.
Ayu
Walaikum salam. Eh romeo
ono opo?
Rudy
Ngene aku meh ngajak kowe
jalan jalan.
Ayu
Yo. Tak siap siap sek ya.
Rudy
Dandan seng ayu lho.
(Cling cling…)
Ayu
Ayuk mas rudy.
Rudy
Ayuk!
(Rudy dan Ayu goncengan
numpak becak menuju taman)
Rudy
Ayu. Taman iki indah
banget ya, sejuk. Koyok perasaanku nek lagi ketemu kowe.
Ayu
Ahhh. Mas Rudy gombal.
Rudy
Tapi koyoke iki terakhir
kali aku ngeti raimu.
Ayu
Mas Rudy iki ngomong opo
tho. Koyok sesuk meh mati wae.
Rudy
Maaf ya yu. Koyoke
hubungan awak dewe gak iso di lanjutke. Soale aku ameh di jodohke karo ibuku.
Ayu
Mas Rudy gak guyon?
Ayu
Mas Rudy jahat. Jare ndek
ingi ngomong nek cinta karo aku. Tapi awak dewe lagi pacaran sedino. Mas Rudy
meh ngajak putus. Aku iki kurang opo tho Mas Rudy. Mesti karo wong seng di jodohke
ibu mu jek ayu aku banget.
Rudy
Iyo. masalahe nek aku ra
nuruti permintaan ibuku, ibuku ameh bunuh diri.
Ayu
ngantek ngunukuwi.
Rudy
Yowes ya Yu. Selamat
tinggal…
Ayu
Mas Mudyyyy…
(akhirnya Ayu pulang dengan
hati sedih dan bernyanyi…
Ayu
Cinta satu hari oh
indahnya cinta satu hari buatku melayang walau satu hari akan slalu ku kenang
dalam hidupku….(di ulang terus sampai di rumah)
Ibu
Wiki gene o nduk nyanyi
karo nangis koyok wong setres.
Ayu
Ibu, Bapak, Ayu nyuwun
ngapura ya Pak, Bu.”
Bapak
Sak durunge kowe nyuwun
ngapura karo bapk karo ibu. Wis awak dewe maafke, iyo tho bu?
Ibu
Iyo bener pak. La wiki iki
gene tho?
Bapak
Bapak
opo bar kesambet wit
beringin?
Ayu
Sekata-kata wae bapak iki.
Ayu bar di putusku Mas Rudy pak. Huhuhu.(nangis)
Ibu
Lha kok iso?
Bapak
Bapak
Po ra kowe lagi wae jadian
mosok wes putus?
Ayu
Iyo pak tenan soale Mas
Rudy ameh di jodohke karo mboke.
Ibu
Yo seng sabar ya nduk. Wes
ndang adus kono ngko tak jak neng kali.
Ayu
Neng kali ngopo bu?
Ibu
umbah umbah.
Ayu
oalah.
Ibu
ha mbok kiro opo?
Ayu
Yowes.
(kukuruyuk. Pagi pagi. Di
pagi ini siti dan temanya gladi resik untuk pentas besok paginya.)
Kokom
Aku gak sabar ameh sesok.
Joko
Alah ndadak ra sabar. Ameh
saiki ameh sesuk raimu yo jek ngunukuwi wae, koyok Angel ki lho raine semakin
hari tambah bersinar lan ayu.
Angel
hihihi.
Siti
Wes ojo menghina ngunukuwi
jok. Mending bahas seng lain. Piye persiapane nggo sesuk opo seng urung di
kuasai, lan opo seng angel?
Angel
Jujur ya sit, pertama ne
angel banget tapi setelah aku wis iso, aku bangga banget. Setelah tak pahami
gerakane, aku seneng banget iso nari sekaligus nglestarike budaya Indonesia. Meskipun
aku dudu wong asli Indonesia.
Siti
Siti
Alhamdulillah. Tapi saiki
tari jek di anggap kuno karo anak anak Indonesia laine. Pokoke awak dewe
sebagai anak Indonesia kudu nglestarike budaya kita terutama tarian supaya
kabeh anak anak Indonesia kabeh iso nari lan mencintai tarian tradisional.
Tejo
Pokoke awak dewe selaku
anak Indonesia wajib nglestarike budaya Indonesia. Ojo sampek budaya seng
beragam iki di rampas karo bangsa lain. Setuju?!
Kabeh
Setuju.
Semua
Kami selaku anak Indonesia
akan berusaha keras melestarikan budaya Indonesia.. yeeeeyyy!!!
(Sampailah anak anak
Tersebut di tempat yang besok akan di gunakan untuk ulang tahun desa bechik
ketoro olo kethitik)
Bu Merry
Akhirnya kowe kabeh teko,
1 jam aku nunggu kowe kabeh. Piye wes apal kabeh po rung?
Tejo
Nyuwun ngapura bu nggawe
bu guru nunggu nganti sejam.
Bu Merry
Gak popo, seng penting
kowe kabeh wes teko.
Siti
Alhamdulillah kabeh wis
apa bu.
Bu Merry
Alhamdulillah, ndang latihan
meneh ben tambah apal ya.
Angel
Awak dewe latihan neng
panggung saiki ngantos mmboten bu. Supoyone sesok pas pentas mboten grogi.”
Bu Merry
Entuk-entuk.”
Kabeh
Yeyyy!
(Mereka pun menuju
panggung lalu latihan.)
Siti
Muleh yoh.
Kabeh
Yoh!
(Mereka pun pulang. di
keluarga pak sumringah ada ayu yang lagi galau)
Ayu
Siti…
Siti
Ono opo mbak?
Ayu
Mbak lagi galu kie. Mbak
bingung kudu mileh nonton acara ulang tahun desa bechik ketoro olo ketitik opo
nonton bioskop nonton masha and the bear…
Siti
Nek aku dadi kowe ya mbak
aku jelas lebih milih nonton acara ulang tahun deso bechik ketoro olo kethitik.
Ayu
Tapi masalahe nek aku gak
nonton masha and the bear aku gak bakal iso nonton neng lain dino, soale wong
di putar sesuk thok.
Siti
Lha piye,sak sakmu o mbak.
Ayu
yowes lah aku nonton acara
ulang tahun bechik ketoro olo kethitik wae lah.”
Siti
Pinter
(Akhirnya hari ulang tahun
Desa Bechik Ketoro olo Kethitik pun datang)
Bu Merry
Assalamu`alaikum.
Semua
Wa`alaikum salam.
Bu Merry
Alhamdulillah, Desa Bechik
Ketoro olo Kethitik ulang tahun ke 2020.
Semua
Yeeeyy
Bu Merry
Acara dimulai saking
pembukaan, nyanyi sugeng ambal warsa, pentas anak anak ngangge tema budaya, lan
di akhiri doa.
Bu Merry
Mari nyanyi lagu sugeng
ambal warsa.
sugeng ambal warsa kita
ucapaken, sugeng dowo umur kito doaken, sugeng sejahtera waras sentosa, sugeng amba warsa lan seneeng
Damu liline damu
liline damu liline saiki wae saiki wae saiki wae, kethok kuene kethok kuene
ketok kuene saiki wae saiki wae… saiki wae.
Bu Merry
Lan saiki wektune kito
mirsani anak anak kang podo pentas. Dianyaki saking nari oleh siti putri bapak
sumringah lan angel putri bapak venus.
Ibu
Pak kae siti pak anake
awak dewe pentas.
Bapak
Iyo bu bapak bangga,
jebulane dengan arus globalisasi seng banter, anak-anake dewe jek bangga lan
terus ngelestarike budaya jawa.
Ibu
Iyo pak, semoga budaya iki
terus enek nganti cucu cucu awak dewe engko ya pak.
Bapak
Aminnn.
Ayu
Cemungud dek.
Bu Merry
Penampilan tari sampun
paripurna saiki penampilan dalang saking bejo.
Bu Merry
Lan saiki penampilan kang
terakhir yaiku lagu saking kokom di iringi gamelan saking joko lan George.
Bu Merry
Pentas hari ini selesai
dan di tutup dengan doa, yang dipimpin kaliyan bapak kula bapak sumringah.
Bapak Sumringah
Hadirin sedoyo. Mari kita
panjatkan doa ke allah swt berkat Nya desa kito panjang umur nganti umur 2020,
semoga deso kita selalu ngekeki ketentraman kangge kito sedoyo, lan budaya kang
isih ngelekat ing deso kita ojo nganti punah, lan tetep lestari nganti anak
cucu kito mengke. Amin amin ya robal `alamin.”
(pentas akhirnya selesai
dan drama kita selesai)
Inti nya kita harus melestarikan
budaya Indonesia termasuk budaya jawa budaya kita sendiri, jangan sampai budaya
yang banya dan beraga punah atau pun di curi bangsa lain dan buat warga lain
terpukau dengan budaya kita, dan kita sebagai generasi muda Indonesia harus
melestarikan budaya kita, janga seperti joko yang menganggap budaya Indonesia
kuno.
CINTAILAH BUDAYA INDONESIA
DAN LESTARIKAN!!!!
Wassalamu`alaikum Wr.wb
izin copy ya, ceritanya menarik. terimakasih! ^^
BalasHapusIya, silahkan!
BalasHapusijin untuk di pentaskan saudari luthfiyah
BalasHapuskk luthfiyah izin yah copas dramanya. menari 👍👍👍
BalasHapus*menarik 😊
BalasHapusPermisi kak. Izin copast naskahnya dan dipentaskan untuk tugas ya kak. Terima kasih😊
BalasHapusPermisi kak. Izin copast naskahnya dan dipentaskan untuk tugas ya kak. Terima kasih😊
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKOK TIDAK ADA SONTO DALAM DAFTAR PEMAIN???ITU SIAPA YA???
BalasHapusmaksudnya sonto itu kan, saat tejo bermain wayang. jadi sonto itu adalah tokoh dalam cerita wayangnya tejo
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusIzin translate ke bahasa indonesia ya ka,buat tugas sekolah.
BalasHapusMakasih
izin copas ya kak
BalasHapusKak izin copas ya
BalasHapusPermisi kak, izin copas ya terima kasih
BalasHapuspermisi kak luthfi ,izin copas ya untuk tugas sekolah
BalasHapusterimakasih🙏🏼
Cek selengkapnya
BalasHapusLeh yaopo seh
BalasHapusmohon izin copy untuk tugas sekolah
BalasHapus